|
Ditulis oleh Puthut EA
|
|
Kamis, 12 Februari 2009 14:11 |
|
L umrahe saben pawongan mesthi nduwe kanca sinorowedi. Tembung sinorowedi mono dumadi saka rong ukara: sinoroh lan wewadi. Saka rong ukara kasebut, kira-kira jarwane yakuwi kanca kang bisa kapasrahan wewadi. Saking rakete, saengga pinercaya kanggo ngrumat lan nyangga wewadi.
Saben pawongan, lumrahe, mesthi nduwe wewadi. Jer jenenge wae wewadi, kuwi urusan pribadhi, kasimpen primpen ing ati. Ora gampang kawiyak lan ora gampang diluwari. Kaya kamar kang kakunci. Kuncine kagenggem kenceng. Saengga abot sanggane dadi kanca sinorowedi. Nggegem barang aji, wewadi kang sinengker saka pocapan. |
|
Terakhir Diperbaharui pada Jumat, 13 Februari 2009 02:29 |
|
Selengkapnya...
|
|
|
Ditulis oleh Puthut EA
|
|
Kamis, 12 Februari 2009 14:03 |
|
A keh pitiduh lan piwulang,menawa tapa-brata, tarak, utawa jinising laku tirakat liya, kuwi becik kanggo manungsa. Kabeh agama, kabeh kapitayan lan kabeh budhaya tansah ana wulangan bab tirakat.
Tirakat mono ngemu teges, supaya bisa ngendhaleni nepsu, nyancang krodhane karsa kang makantar-kantar. Karep, karsa, nepsu mono yen ora dikendhaleni bisa marakake blai. Tirakat uga minangka cara kanggo nggladhi dhiri, kanggo nglambari ati. Wani rekasa, kanggo nggayuh kasantosan ing tembe mburine. |
|
Terakhir Diperbaharui pada Jumat, 13 Februari 2009 02:30 |
|
Selengkapnya...
|
|
Ditulis oleh Puthut EA
|
|
Rabu, 11 Februari 2009 17:36 |
|
W us sandhangane urip iki menawa akah pepalang lan rubeda. Nanging uga wus dadi kembange urip iki menawa tansah ana nikmat lan pepadhang. Kabeh sarwa gilir-gumanti, ana mangsane bungah, ana mangsane susah. Kabeh sarwa muter kaya cakra manggilingan.
Nanging sakbecik-becike titah, ya kuwi titah kang bisa nyecep maduning panguripan, sinau saka kabeh kahanan. Ora gembelengan lamun nyandhang kasantosan, ora jirih lamun ngadhepi pacoban. Ora keladuk lamun nemu kabegjan, ora miris lamun ketaman alangan. Mantheng, anteng. Ora gampang kapilut marang mobah-mosiking kahanan. |
|
Terakhir Diperbaharui pada Jumat, 13 Februari 2009 02:30 |
|
Selengkapnya...
|
|
Ditulis oleh Puthut EA
|
|
Rabu, 11 Februari 2009 17:15 |
|
K awit mbiyen, saben manungsa mesthi ngadhepi pitakon kang ora bakal rampung dijawab dening dhiri pribadhi. Pitakon mau tansah melu, senajan dalan kang dipecaki wis beda-beda rubedane. Ing pitakon mau saktemene ngemu surasa menawa urip iki pancen kudu nduwe teges. |
|
Terakhir Diperbaharui pada Kamis, 12 Februari 2009 14:50 |
|
Selengkapnya...
|
|
|
|
|
|