Leladi Bebrayan 9

Ngupadi dununge bener, kuwi mono wis sakmesthine. Nanging yen golek benere dhewe, kuwi kang ora trep. Bener mono kaya dalan. Dudu panggonan kang cetha lan dudu wujud kang gamblang. Dadi ora bisa dicandhak. Bisane mung tansah dipecaki, dilakoni, dicedhaki. Mula ana unen-unen tuwa, sok sapa sing wis wani ngendikan: aku wis entuk lan nyandhak bener, mula pawongan mau kudu disingkiri adoh-adoh.

Dene benere dhewe kuwi dudu teges bener kanggo wong akeh apa wong liyan. Saben pawongan nduwe kapitayan, nduwe rasa lan nduwe duwa kang beda-beda. Kamangka bener mono ora siji, paling ora akeh dalan kang bisa dipecaki kanggo nyedhaki bener. Akeh lawang kang bisa kudu diliwati kanggo nyedhaki bener.

Mula, yen ana pawongan loro padaha-padha nyedhaki benar ning dalan kang dipecaki beda-beda, ora ateges sing siji benere lan sing siji luput. Ora bisa digampangake kaya mangkono. Sapisan maneh, bener kuwi agung, omber, lan ora mung nduweni siji-loro dalan, ning pancen akeh tenan.

Bener mono uga kaya werna abu-abu. Sok-sok kudu disawang kanthi permana tur rada njlimet. Saka sisih siji katon bener, mbasan disawang saka sisih liyane bisa katon luput. Pagelaran lan lakon wayang ngemu ajaran kaya mangkono kuwi.

Kang paling gampang dienggo tuladha ya kuwi critane Kumbakarna lan Wibisono, loro-lorone adhine Rahwana. Nalika Rama ngarak bala, nggempur Alengka kanggo ngrebut Dewi Sinta, Kumbakarna macak senapati perang ngadhang bala wanara. Alesane, bumi kinasihe ora rila diidak-idak dening warga manca. Sadumuk bathuk, sanyari bumi.

Beda karo Wibisono. Dheweke malah nyuwita marang Rama. Kanggone Wibisono, bener mono bener, luput mono luput. Rahwana luput lan Alengka uga luput. Bener mono ora nduwe tanah kelairan.

Ana ing ajaran wayang, satriya loro mau kaanggep satriya kang bisa dadi tuladha. Kamangka dalan kang dipilih beda malah adu arep. Kuwi mono nandhakake menawa bab bener pancen ora gampang. Mula yen ana pawongan kok mung ngoyak benere dhewe, nganggep menawa apa kang katindakake kuwi siji-sijine dalan bener, kayane ora trep.

Ngono ya ngono, ning aja ngono.

Sumangga,

Leladi Bebrayan 8

Ati-ati marang gegayuhan. Kena bae nduwe gegayuhan kang dhuwur, sokur luhur. Nanging kabeh gegayuhan kuwi ora mung ngetutake obahe pepinginan nanging uga kudu ngetung syarat-syarate. Yen ora, temah mung dadi pengangen-angen kothong, malah uga bisa njungkir dadi rasa sumelang lan getun. Sumelang marang gegayuhane dhewe, lan getun kok bisa nduwe gegayuhan kuwi.

Kabeh gegayuhan kuwi nduwe laku lan syarat. Ibarate kaya wong kang pengen dhahar degan. Kudu menek wit, mecoki kulite, mecah bathoke. Yen luwih adoh maneh, kayata misale pengin dhahar degan saka kambile dhewe ya kudu nandur. Wani rekasa kanggo nggayuh mukti ing tembe mburine.

Yen ora bisa nanting panjangkane dhewe temah isa njalari rong prakara: judheg marang atine dhewe utawa nyrobot panen rekadayane wong liya. Pengen dhahar degan yen ora gelem kangelan ya ung loro perkarane: mung ana neng alam pepinginan utawa njupuk degane kancane.

Kang paling apik kanggo tuladha kabeh kuwi bisa sinau saka kadang tani. Pengin panen kacang ya nandur kacang. Pengin panen jagung ya nandur jagung. Yen pengine panen jagung kok nandure kacang rak mesthi dadi ora tinemu nalar?

Nandur wae kuwi ora cukup. Kudu ngrumat. Njaga supaya bisa subur, nyirami, ngrabuk, ngresiki tanduran liya kang bisa njalari panene tandurane lemu lan subur. Uga kudu ngrumat saka ama lan penyakite tanduran. Nganti panen wae ya isih tetep ana lakune. Kapan bisa panen, nemtokake wektune, serta cara panen kang apik.

Kuwi meh padha karo nggayuh pepinginan. Syarat lan lakune ora mung siji. Kudu terus ana ikhtiyar. Yen wis kelakon uga kudu ati-ati. Amarga yen ora, bisa malah ndrawasi. Dadi sombong mung amerga manen ikhtiyare dhewe.

Nanging ing dina iki, akeh pawongan kang pengin penake dhewe. Nggayuh pepinginan nanging lumuh. Nduwe kekarepan nanging ora gelem tumandang. Lan sing paling akeh njur padha nyidhat dalan. Manen pakaryane wong liya. Yen ora bisa njur malah nyalahake wong kang gelem tumandang gawe. Ngalang-alangi lan ngganggu lakune wong liya.

Wani rekasa mulya wekasane. Gelem tumandang, ora wedi kangelan, taberi lan nastiti. Yen ana pepalang ora gampang gigrig. Terus diadhepi, terus dirampungi. Mulya kuwi kembange panguripan. Nanging kembang kuwi ora tuwuh ing samubarang panggonan. Kembang kuwi tuwuh lan arum amerga saka pepinginan, tinandur, karumat kanthi becik.

Makarya kanthi becik pancen bisa ngarumi panguripan, dadi patuladhan.

Sumangga,

Leladi Bebrayan 7

Sepi ing pamrih, rame ing gawe. Pancen ora gampang tumandang gawe tanpa pancadan pamrih. Nanging pamrih kang kepiye, kuwi kang kudu ditlisik kanthi permana. Yen pamrih mung kanggo awake dhewe, mula malah banjur ngabot-aboti ati. Barang gampang temah dadi barang angel, kang bisa digawe gampang malah diangel-angel.

Nutupi pamrihe ati uga ora gampang. Kaya angele nyimpen bathang. Suwe-suwe mesthi ambune ngambra-ambra, pamrihe bakal kawiyak. Durung yen ati saya goreh, kebak panyakrabawa, pikire ngira sing ora-ora, pikire ora kira-kira.

Mula pamrih kudu ditanting. Bener apa luput, wis sakmesthine apa ora. Nanging tetep kudu ngati-ati, amerga nglelimbang pamrih kuwi uga bisa mbenerake kang luput, ngluputake kang bener.

Kamangka ati mono kaya kaca. Kinclong yen tansah diresiki, nanging yen wis reged angel ngilangi regedane. Yen wis reged, samubarang dadi congkrah karo kasunyatan. Ora bisa kanggo ngilo githoke dhewe.

Nanging apa bisa makarya lan tumandang gawe tanpa pamrih? Yen tegese pamrih mono niating ati, mula ya pancen ora bisa. Jer manungsa mono yen tumandang gawe akeh kang merga saka krentege ati. Yen kaya mangkono, banjur pamrih kang kepiye kang kudu digondheli? Mesthi wae ya pamrih kang becik, kang murakabi kanggo wong akeh. Pamrih kanggo memayu hayuning bawana.

Kasunyatane, mbedakake pamrih becik lan ora kuwi ora angel. Yen urip ora tentrem, kebak rasa waswas lan gampang cubriya, mesthi ana pamrih kang ora bener. Nanging yen pancen niyate memayu hayuning bawana, ora bakal waswas. Apa kang kudu diwedeni lan dikuatirake yen pancen apa kang kudu ditandangi kuwi wis trep karo atine lan wis sakmesthine? Pancen penak rasane ngayahi jejibahan kang wis diniati apik. Ora mung nggolek benere dhewe, ora wedi salah, ora tidha-tidha.

Pamrih kang becik kuwi kaya semburating cahya kang madhangi awake dhewe. Pasuryane sumunar, tembunge titis-tetes, nalare tata-tumata, atine gampang ngrasa-krasa. Uripe disangga entheng, atine wis dipunjerake marang niating ati, pamrih kang nyawiji: netepi darmaning manungsa, memayu hayuning bawana.

Pamrih kang becik uga bisa dadi pepadhanging liyan. Ana tuladha kanggo ngayahi laku utama. Ana kang gelem ngilangi reruwet nalika ati kesrimpet. Ana kang ngelingake menawa langkah lagi rendhet. Temah yen kaya mangkono banjur padha ora wedi kangelan, ora perlu rebut dhisik lan ora wedi keri. Bareng mlaku lan tumuju marang siji panggonan: leladi mring babrayan.

Sumangga.

Leladi Bebrayan 6

Melik nggendhong lali. Melik barange liyan, melik marang uripe liyan, melik marang apa kang wis digayuh dening wong liya, kuwi rasa kang banget mbebayani. Bisa temah dadi tumindak culika, lupute ati peteng. Yen tumindak culika konangan, kawiyak, temah bisa mlebu kunjara. Senajanta ora mlebu kunjara, nanging tumindak culika mau bisa njalari disirik lan diadohi liyan, dieling-eling nduweni tumindak kang ora becik.

Saka ati peteng wae wis ngrugekake dhiri pribadhi. Sithik-sithik meri, gampang nduwe panyakrabawa ala, saengga atine gampang reged. Ulate dadi sarwa nyureng, pasuryane ireng, dhahane gampang mangap-mangap. Sing dimeri lan dipanyakrabawa ala tetep ora rugi apa-apa.

Mula kabeh kuwi kudu dipikir nganggo pikiran kang sareh. Lha apa ta gunane melik marang uripe liyan? Apa gunane meri lan nduwe panyakrabawa ala? Kuwi kabeh mung malah ngrugekake dhiri pribadhi. Atine sarwa peteng, goreh, disirik liyan, diadohi liyan ing urip bebrayan.

Goreh lan ati peteng mono kaya bensin kang gampang mubal nalika ana geni mletik. Gampang nesu. Tur jenenge wong nesu, saya mubal atine saya ora bisa mikir jero. Disawang liyan mung kaya cah cilik. Ora pantes. Ning dhasare wong nesu, sarwa ora preduli. Bareng wis rampung nesune, panen digeguyu lan diglegesi dening wong akeh.

Goreh lan ati peteng mono kaya mawa kang gampang mrekitik menawa kena angin. Nylomot apa wae sak kecandhake. Mula ya pancen bakal didohi liyan. Temah mung nggawa memala. Saya mrekitik atine, saya akeh memalane.

Dadi menawa dipikir nganggo ati kang bening lan sareh, melik lan meri kuwi ora ana paedahe ing urip iki. Mung nggawa rugi marang dhiri pribadhi. Mula becik disingkiri. Nyawang wong liya mono kudu nganggo ngelmu padhang. Byar. Trawaca nyawang menawa wong liya kuwi uga manungsa. Padha-padha urip bareng ing bumi iki mikul jejibahan luhur. Saengga ora ana rasa meri lan melik. Yen ana wong kang murwat uripe, temah kamanungsan uga kaangkat luwih dhuwur maneh.

Yen kaya ngono, ati tansah padhang. Nyawang apa-apa sarwa nyenengake. Temah bakal disenengi dening wong akeh, dipercaya dening liyan. Coba dibedakake yen ati iki mung anane mung rasa meri lan melik. Melik nggendhong lali: melik nggendhong rugi.

Mendah rugine urip iki menawa isine ati mung kanggo meri lan melik. Mendah lingseme ati iki menawa uripe mung kanggo disirik lan digeguyu wong liya, amarga nduwe aten-atenan kang ora becik.

Sumangga.

Leladi Bebrayan 5

Cakil butaning ati. Nglambangake nepsu kang terus mosik. Apa-apa dirasa sarwa salah. Ngganggu satriya kang lagi ngungkal ati, nata rasa. Ana ing alas gung liwang-liwung, mlebu ing dhiri pribadhi, mecaki alasing ati. Pedhut peteng, sato galak, dhemit lan setan kang gentayangan, kuwi kabeh ora dumunung ing alas kang sanyatane. Nanging minangka lambange ati, kang ora gampang karukti, gampang kena godha lan dadi punjering dhiri.

Metune Cakil kuwi gara-gara. Akeh bebendhu, akeh penyakit tanpa tamba. Meh kabeh manungsa bengkerengan karepe dhewe, rebutan barang kang dudu darbeke. Lindhu ora rampung-rampung, akeh penyakit tanpa ana tambane, akeh perang ora ana rampunge.

Nanging gara-gara mono sejatine uga minangka garba. Garba alam kang ngandhut akeh wewarah. Dadi padhepokan kang nguji lan menehi ilmu marang ponang-ponang kang pinunjul.

Metune Cakil diarani Perang Kembang, kembange urip, yen bisa ndumuk jarwane bakal arum atine. Nalika akeh godha, akeh gara-gara, mangka para satriya kang terus ngrumat rasa, nggladhi dhiri, tetep ora gampang kena godha. Malah kuwi dadiya cara kanggo para satriya kang gelem nyecep maduning urip. Saka kembang kang mekar ing panasing ara-ara gara-gara.

Satriya mono sifating ati, lan jengglenge satriya bisa lanang lan bisa wadon. Kabeh manungsa wenang ngoyak ajining dhiri dadi satriya. Lamun kuwat nyekel lan nggondheli lakune.

Gara-gara kuwi lakon matine Cakil amarga sanjatane dhewe. Ketrajang landhep gaman kang diunus dhewe. Kuwi minangka pralambang menawa mungsuh kang paling sekti saka manungsa kuwi dumunung ing atine dhewe-dhewe. Lan mungsuh mau kang diarani nepsu. Mula kang bisa ngalahake mungsuh mau uga sang ati.

Gegendhengan karo kuwi, mula sing jeneng satriya mono saktemene pawongan kang bisa ngalahake nepsune dhewe-dhewe. Yen nepsune dhewe wus bisa kacekel lan dikendhaleni, mula ora gampang kena godha, ora gampang bengkerengan.

Mula yen saiki akeh uwong kang kandha menawa iki jamane gara-gara, aja cilik ati. Dijupuk apike wae. Yen pancen iki mangsa gara-gara, ayo padha dadi satriya. Ora kok malah melu keli, melu katrem gawe panasing hawa gara-gara.

Yen akeh kang dadi satriya, temah isa ngleremake akeh pageblug, ngilangake akeh penyakit,lan gawe edhume hawa. Saengga bumi dadi luwih ayem lan asri. Kaya tumurune udan kapisan, sawise panas wulanan, sawise lebu kang terus katiyup angin lan mubal ing angkasa. Udan dadi krasa kaya banyu kang ditibakake saka langit katentreman.

Sumangga.

Leladi Bebrayan 4

Lumrahe saben pawongan mesthi nduwe kanca sinorowedi. Tembung sinorowedi mono dumadi saka rong ukara: sinoroh lan wewadi. Saka rong ukara kasebut, kira-kira jarwane yakuwi kanca kang bisa kapasrahan wewadi. Saking rakete, saengga pinercaya kanggo ngrumat lan nyangga wewadi.

Saben pawongan, lumrahe, mesthi nduwe wewadi. Jer jenenge wae wewadi, kuwi urusan pribadhi, kasimpen primpen ing ati. Ora gampang kawiyak lan ora gampang diluwari. Kaya kamar kang kakunci. Kuncine kagenggem kenceng. Saengga abot sanggane dadi kanca sinorowedi. Nggegem barang aji, wewadi kang sinengker saka pocapan.

Nanging senajanta ora ngemong wewadine liyan, dadi kanca mono kudu tansah wigati. Gampang maca lagu lathi. Nalisik mung saka sasmitane pacalathon lan tindak-tanduk kang ora lumrah. Napis basa lan pratandha nganggo rasa.

Tanggap marang ati goreh, premana marang sawaliking tandha. Ora saben barang gampang kapocap. Ora saben krenteg gampang kawedhar dening obahing raga.

Wewadi mono uga dudu mung prakarane manungsa. Alam uga kebak wewadi. Lan saben wektu, alam tansah menehi sasmita. Kaya uga kanca sinorowedi, alam uga ora gampang nyebar wewadi. Utawa, sasmitane alam ora gampang didumuk dening manungsa. Ora saben manungsa bisa miyak werdi sasmitane alam.

Mung wong kang kesdik kang bisa njarwakake basa lan sasmitane alam. Pawongan kesdik mono dudu wong kang pinilih nanging wong kang gelem milih. Sebab sandhangane wong kesdik mono ora tiba saka langit, nanging mawa laku. Mawa cara kanggo ngraketi alam. Nyedhaki alam ora mung nganggo nalar nanging uga nganggo rasa. Pandulune ora mung nyawang kang kasat mata. Pangrungone ora mung kanggo ngrungokake swara. Atine jembar, gampang titen lan gampang krasa.

Alam uga kaya manungsa, nduweni bekti. Gelem menehi ati menawa karukti lan digemateni. Dadi menawa sawayah-wayah alam iki krodha, ora kok tanpa musabab. Kabeh ana jalarane, lan kabeh ana jarwane.

Kang dadi pitakon, apa kita isih bisa tanggap marang kabehing sasmita? Yen alam iki ora tau dirukti lan digemateni. Yen alam mung tansah dipilara, dirodha-paripeksa, kanggo nyukupi butuhe manungsa kang ora ana enteke.

Sumangga.

Leladi Bebrayan 2

Wus sandhangane urip iki menawa akah pepalang lan rubeda. Nanging uga wus dadi kembange urip iki menawa tansah ana nikmat lan pepadhang. Kabeh sarwa gilir-gumanti, ana mangsane bungah, ana mangsane susah. Kabeh sarwa muter kaya cakra manggilingan.

Nanging sakbecik-becike titah, ya kuwi titah kang bisa nyecep maduning panguripan, sinau saka kabeh kahanan. Ora gembelengan lamun nyandhang kasantosan, ora jirih lamun ngadhepi pacoban. Ora keladuk lamun nemu kabegjan, ora miris lamun ketaman alangan. Mantheng, anteng. Ora gampang kapilut marang mobah-mosiking kahanan.

Tapi panthenge anteng kuwi ana telu; rasa, cipta, lan raga. Kabeh kuwi kudu tansah dirumat, digegulang lan disrateni, dadia olah-rasa, olah-cipta, lan olah-raga.

Rasa kudu diolah, kabeh prastawa diendhepke ing batin, dilelimbang, diweningake, mungguh butheke bisa dipisah saka beninge. Dijupuk saripati hikmahe. Bebayane rasa kuwi ana ing ati, dadi penyakite ati. Yen ora tansah digulawentah, bisa dadi pepeteng; dhengki lan srei, gumedhe lan kemaki. Lali menawa tansah ana langit ing sandhuwure langit. Supe menawa urip iki ora kanggo mburu cukupe dhewe.

Olah-cipta mono kudu tansah sinau, nggladhi lantipe pikir. Tresna marang ngelmu, lan ngerteni menawa kabeh ngelmu ana guna lan lakune. Ngelmune ngelmu kuwi kaya pari, saya isi saya ndhingkluk. Tansah andhap-asor, gelem mbagi wawasan marang sapa bae, gelem sinau saka sapa bae. Aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa.

Dene raga mono ya kudu digladhi. Yen sentosa ragane, bisa njalari sentosa cipta lan rasane. Kasarasan mono larang regane. Yen ora bisa njara raga, temah nyilakani badhan pribadhi. Sithik-sithik sarwa sambat, sithik-sithik sarwa ora kuwat. Nepsune raga mono kaya nepsune kewan, kabeh sarwa pengen dijajal, ora ana marine. Mula uga kudu pinter ngemong raga.

Yen ragane kiyeng, pikire mantheng, lan rasane anteng, kabeh reruwet bakal sumilak. Kabeh pepadhang dadi saya jingglang. Jarwane urip bakal rumegem kenceng. Ora ana rasa tidha-tidha, ora bakal gampang nduweni panyakrabawa ala. Kabeh darmaning urip disembadani. Saengga bisa dadi titah kang paripurna.

Sumangga

Leladi Bebrayan 1

Kawit mbiyen, saben manungsa mesthi ngadhepi pitakon kang ora bakal rampung dijawab dening dhiri pribadhi. Pitakon mau tansah melu, senajan dalan kang dipecaki wis beda-beda rubedane. Ing pitakon mau saktemene ngemu surasa menawa urip iki pancen kudu nduwe teges.

Saben manungsa banjur nyoba nggoleki tegese dhewe-dhewe. Agama, alam, rekadaya lan rekacipta manungsa kayata; crita, serat sastra, tembang, lan liya-liyane, mbiyantu manungsa kanggo nyedhaki teges mau, lan menehi sesuluh priye becike. Nanging saben manungsa pancen wenang milih, ndumuk atine dhewe-dhewe, endi teges kang pantes kanggo dheweke. Dalan lan sesuluh, uga teges kang pinilih banjur kasebut kapitayan.

Kabeh kapitayan mau uga nduwe dalan dhewe-dhewe. Kabeh mawa upakara lan upacara. Nanging kabeh mau, saktemene ana gandheng-rentenge karo urip bebrayan. Kapitayan kang luhur, tansah menehi panggonan kang amba kanggo urip bebarengan. Kapitayan kang sae, tansah menehi pangurmat kang murwat kanggo urip sesarengan. Nyunggi teges mandhuwur, kuwi ngemu  syarat bisaa sumrambah lan rumembes urip bebrayan.

Saengga gothange maneges urip kuwi ora mung amerga gothange donga, nanging uga amerga gothange leladi marang bebrayan. Ora ana manungsa kang bisa urip ijen, ora ana manungsa kang bisa urip tanpa liyan. Mula ana pitutur luhur kayata abot lan entheng disangga bareng.

Urip uga cara kanggo nggenahake liyan marang dhiri pribadhi. Apa kang tumama marang wong liya, piye rasane yen tumama marang dhiri kita? Banjur ana unen-unen aja njiwit yen bisa krasa menawa dijiwit kuwi lara. Wong liya kuwi kaca. Tegese urip kita mung bisa kawaca kanthi trawaca yen ana wong liya. Mula duk ing kuna-makuna, tansah ana ukara: kula-panjenengan-sami.

Ora ana kula, yen ora ana penjenengan. Ora ana kula lan penjenengan yen ora bisa lungguh padha utawa dadi sesami.

Sumangga…