Mendadak siang tadi, Bagor menelepon saya.
“Mbut, Cah Bajingan….” suaranya yang cempreng terdengar dari jauh. Terdengar agak bahagia. Mungkin THR plus bonusnya bisa untuk beli sirup Marjan satu kontainer dan sarung Gajah Duduk satu pikap.
“Piye?”
“Aku ki mau diundang pimpinanku.”
“Ha njuk ngapa? Meh munggah pangkat po?”
“Ho”oh. Tahun ngarep.”
“Selamat ya…”
“Haaa tapi ana masalah…”
“Lha nek pas ana masalah, ngomong aku. Nek pas seripahan ngomong aku, nek kondangan ngomong liyane… Nek kerjabakti ngajak aku, nek resepsi ngajak liyane!”
“Asu. Meneng to… Penting iki! Ternyata para pimpinanku karo kanca-kanca kantorku ki maca status-statusmu soal aku. Mereka ki terhibur… Goblok to? Ha mung karo kowe kok terhibur?”
Saya sudah membatin: ucapannya menggoblok-goblokkan para pimpinan dan teman-teman kantornya bakal saya bikin jadi status.
“Ha njuk ngapa?” tanya saya. Memancing.
“Lha ya diteruske to…”
“Meh diteruske po ora ki urusanku karo jempolku. Sama sekali dudu urusanmu, Su…”
“Ya nek saiki wis ora. Iki wis urusane wong akeh.”
“Ha raimu kaya krupuk kuwi!”
“Nek niat ra neruske ngapa kowe ndadak nggawe?”
“Ya sak senengku to. Facebook-facebook-ku dhewe, jempol-jempolku dhewe, ya sak senengku.”
“Ya ora ngono to… Kabeh mau kan bisa dibicarakan… Bisa dimusyawarahkan…” suaranya merendah. Lebih kalem. Pertanda punya kepentingan. “Mbok dilanjutke. Kowe butuhmu apa? Kanca-kancaku gelem urunan.”
“Wegah. Kuwi jenenge gratifikasi.”
“Gratifikasi ndasmu! Wong kowe dudu pejabat publik!”
“Lha kanca-kancamu maksude piye?”
“Nek kowe dibayar duit kan ra gelem to, karang duitmu wis turah-turah…”
“Silit.”
“Piye nek kami belikan jam tangan?”
Wah boleh juga ini. Batin saya. Bagor memang tahu beberapa kesukaan saya. Salah satunya jam tangan.
“Tag Heuer.”
“Wegah! Sing palsu mesthi…”
“Bajingan. Kowe ngece aku ro kanca-kancaku ya?”
Diam-diam saya langsung melakukan tindakan browsing di Lazada. Ketemu model jam Tag Heuer yang saya suka. Langsung saya kepcer. Saya kirim ke dia. “Nek sing iki, gelem aku…”
“Asu. Larang nek iki…”
“Lha jare aku ra entuk ngece kowe ro kanca-kancamu? Mumpung diskone lagi akeh…”
“Ya aja sing kaya iki lah. Sing liyane to…”
“Wegah!”
“Gembus.”
“Kamu jangan menghina profesi penulis lho. Mosok mung kaya ngono isih ditawar…”
“Ya wis, tak kandhakke kanca-kancaku…”
“O ya, titip pesen kanggo kanca-kancamu…”
“Apa?”
“Nek ra kuat urunan tuku kuwi, ra sah kekancan ro kowe.”
“Asu. Tapi nganu ya. Nek misale sida, sing saru-saru dikurangi ya?”
“Gampang kuwi. Tapi aku ya nduwe syarat…”
“Apa?”
“Kuwi jam-e kudu tak tampa sakdurunge Lebaran.”
“O lha gembus nek iki.”
“Aku ki gampang. Nek gelem ya apik. Nek ora ya rapopo.”
“Ya wis, tak rembugan ro kanca-kancaku…”
Hape dimatikan. Saya sudah membayangkan jam tangan ini melingkar di pergelangan tangan kiri saya. Pasti saya tambah pethitha pethithi. Mbagusi.