Kawit mbiyen, saben manungsa mesthi ngadhepi pitakon kang ora bakal rampung dijawab dening dhiri pribadhi. Pitakon mau tansah melu, senajan dalan kang dipecaki wis beda-beda rubedane. Ing pitakon mau saktemene ngemu surasa menawa urip iki pancen kudu nduwe teges.
Saben manungsa banjur nyoba nggoleki tegese dhewe-dhewe. Agama, alam, rekadaya lan rekacipta manungsa kayata; crita, serat sastra, tembang, lan liya-liyane, mbiyantu manungsa kanggo nyedhaki teges mau, lan menehi sesuluh priye becike. Nanging saben manungsa pancen wenang milih, ndumuk atine dhewe-dhewe, endi teges kang pantes kanggo dheweke. Dalan lan sesuluh, uga teges kang pinilih banjur kasebut kapitayan.
Kabeh kapitayan mau uga nduwe dalan dhewe-dhewe. Kabeh mawa upakara lan upacara. Nanging kabeh mau, saktemene ana gandheng-rentenge karo urip bebrayan. Kapitayan kang luhur, tansah menehi panggonan kang amba kanggo urip bebarengan. Kapitayan kang sae, tansah menehi pangurmat kang murwat kanggo urip sesarengan. Nyunggi teges mandhuwur, kuwi ngemu syarat bisaa sumrambah lan rumembes urip bebrayan.
Saengga gothange maneges urip kuwi ora mung amerga gothange donga, nanging uga amerga gothange leladi marang bebrayan. Ora ana manungsa kang bisa urip ijen, ora ana manungsa kang bisa urip tanpa liyan. Mula ana pitutur luhur kayata abot lan entheng disangga bareng.
Urip uga cara kanggo nggenahake liyan marang dhiri pribadhi. Apa kang tumama marang wong liya, piye rasane yen tumama marang dhiri kita? Banjur ana unen-unen aja njiwit yen bisa krasa menawa dijiwit kuwi lara. Wong liya kuwi kaca. Tegese urip kita mung bisa kawaca kanthi trawaca yen ana wong liya. Mula duk ing kuna-makuna, tansah ana ukara: kula-panjenengan-sami.
Ora ana kula, yen ora ana penjenengan. Ora ana kula lan penjenengan yen ora bisa lungguh padha utawa dadi sesami.
Sumangga…