Lumrahe saben pawongan mesthi nduwe kanca sinorowedi. Tembung sinorowedi mono dumadi saka rong ukara: sinoroh lan wewadi. Saka rong ukara kasebut, kira-kira jarwane yakuwi kanca kang bisa kapasrahan wewadi. Saking rakete, saengga pinercaya kanggo ngrumat lan nyangga wewadi.
Saben pawongan, lumrahe, mesthi nduwe wewadi. Jer jenenge wae wewadi, kuwi urusan pribadhi, kasimpen primpen ing ati. Ora gampang kawiyak lan ora gampang diluwari. Kaya kamar kang kakunci. Kuncine kagenggem kenceng. Saengga abot sanggane dadi kanca sinorowedi. Nggegem barang aji, wewadi kang sinengker saka pocapan.
Nanging senajanta ora ngemong wewadine liyan, dadi kanca mono kudu tansah wigati. Gampang maca lagu lathi. Nalisik mung saka sasmitane pacalathon lan tindak-tanduk kang ora lumrah. Napis basa lan pratandha nganggo rasa.
Tanggap marang ati goreh, premana marang sawaliking tandha. Ora saben barang gampang kapocap. Ora saben krenteg gampang kawedhar dening obahing raga.
Wewadi mono uga dudu mung prakarane manungsa. Alam uga kebak wewadi. Lan saben wektu, alam tansah menehi sasmita. Kaya uga kanca sinorowedi, alam uga ora gampang nyebar wewadi. Utawa, sasmitane alam ora gampang didumuk dening manungsa. Ora saben manungsa bisa miyak werdi sasmitane alam.
Mung wong kang kesdik kang bisa njarwakake basa lan sasmitane alam. Pawongan kesdik mono dudu wong kang pinilih nanging wong kang gelem milih. Sebab sandhangane wong kesdik mono ora tiba saka langit, nanging mawa laku. Mawa cara kanggo ngraketi alam. Nyedhaki alam ora mung nganggo nalar nanging uga nganggo rasa. Pandulune ora mung nyawang kang kasat mata. Pangrungone ora mung kanggo ngrungokake swara. Atine jembar, gampang titen lan gampang krasa.
Alam uga kaya manungsa, nduweni bekti. Gelem menehi ati menawa karukti lan digemateni. Dadi menawa sawayah-wayah alam iki krodha, ora kok tanpa musabab. Kabeh ana jalarane, lan kabeh ana jarwane.
Kang dadi pitakon, apa kita isih bisa tanggap marang kabehing sasmita? Yen alam iki ora tau dirukti lan digemateni. Yen alam mung tansah dipilara, dirodha-paripeksa, kanggo nyukupi butuhe manungsa kang ora ana enteke.
Sumangga.