Cakil butaning ati. Nglambangake nepsu kang terus mosik. Apa-apa dirasa sarwa salah. Ngganggu satriya kang lagi ngungkal ati, nata rasa. Ana ing alas gung liwang-liwung, mlebu ing dhiri pribadhi, mecaki alasing ati. Pedhut peteng, sato galak, dhemit lan setan kang gentayangan, kuwi kabeh ora dumunung ing alas kang sanyatane. Nanging minangka lambange ati, kang ora gampang karukti, gampang kena godha lan dadi punjering dhiri.
Metune Cakil kuwi gara-gara. Akeh bebendhu, akeh penyakit tanpa tamba. Meh kabeh manungsa bengkerengan karepe dhewe, rebutan barang kang dudu darbeke. Lindhu ora rampung-rampung, akeh penyakit tanpa ana tambane, akeh perang ora ana rampunge.
Nanging gara-gara mono sejatine uga minangka garba. Garba alam kang ngandhut akeh wewarah. Dadi padhepokan kang nguji lan menehi ilmu marang ponang-ponang kang pinunjul.
Metune Cakil diarani Perang Kembang, kembange urip, yen bisa ndumuk jarwane bakal arum atine. Nalika akeh godha, akeh gara-gara, mangka para satriya kang terus ngrumat rasa, nggladhi dhiri, tetep ora gampang kena godha. Malah kuwi dadiya cara kanggo para satriya kang gelem nyecep maduning urip. Saka kembang kang mekar ing panasing ara-ara gara-gara.
Satriya mono sifating ati, lan jengglenge satriya bisa lanang lan bisa wadon. Kabeh manungsa wenang ngoyak ajining dhiri dadi satriya. Lamun kuwat nyekel lan nggondheli lakune.
Gara-gara kuwi lakon matine Cakil amarga sanjatane dhewe. Ketrajang landhep gaman kang diunus dhewe. Kuwi minangka pralambang menawa mungsuh kang paling sekti saka manungsa kuwi dumunung ing atine dhewe-dhewe. Lan mungsuh mau kang diarani nepsu. Mula kang bisa ngalahake mungsuh mau uga sang ati.
Gegendhengan karo kuwi, mula sing jeneng satriya mono saktemene pawongan kang bisa ngalahake nepsune dhewe-dhewe. Yen nepsune dhewe wus bisa kacekel lan dikendhaleni, mula ora gampang kena godha, ora gampang bengkerengan.
Mula yen saiki akeh uwong kang kandha menawa iki jamane gara-gara, aja cilik ati. Dijupuk apike wae. Yen pancen iki mangsa gara-gara, ayo padha dadi satriya. Ora kok malah melu keli, melu katrem gawe panasing hawa gara-gara.
Yen akeh kang dadi satriya, temah isa ngleremake akeh pageblug, ngilangake akeh penyakit,lan gawe edhume hawa. Saengga bumi dadi luwih ayem lan asri. Kaya tumurune udan kapisan, sawise panas wulanan, sawise lebu kang terus katiyup angin lan mubal ing angkasa. Udan dadi krasa kaya banyu kang ditibakake saka langit katentreman.
Sumangga.