Melik nggendhong lali. Melik barange liyan, melik marang uripe liyan, melik marang apa kang wis digayuh dening wong liya, kuwi rasa kang banget mbebayani. Bisa temah dadi tumindak culika, lupute ati peteng. Yen tumindak culika konangan, kawiyak, temah bisa mlebu kunjara. Senajanta ora mlebu kunjara, nanging tumindak culika mau bisa njalari disirik lan diadohi liyan, dieling-eling nduweni tumindak kang ora becik.
Saka ati peteng wae wis ngrugekake dhiri pribadhi. Sithik-sithik meri, gampang nduwe panyakrabawa ala, saengga atine gampang reged. Ulate dadi sarwa nyureng, pasuryane ireng, dhahane gampang mangap-mangap. Sing dimeri lan dipanyakrabawa ala tetep ora rugi apa-apa.
Mula kabeh kuwi kudu dipikir nganggo pikiran kang sareh. Lha apa ta gunane melik marang uripe liyan? Apa gunane meri lan nduwe panyakrabawa ala? Kuwi kabeh mung malah ngrugekake dhiri pribadhi. Atine sarwa peteng, goreh, disirik liyan, diadohi liyan ing urip bebrayan.
Goreh lan ati peteng mono kaya bensin kang gampang mubal nalika ana geni mletik. Gampang nesu. Tur jenenge wong nesu, saya mubal atine saya ora bisa mikir jero. Disawang liyan mung kaya cah cilik. Ora pantes. Ning dhasare wong nesu, sarwa ora preduli. Bareng wis rampung nesune, panen digeguyu lan diglegesi dening wong akeh.
Goreh lan ati peteng mono kaya mawa kang gampang mrekitik menawa kena angin. Nylomot apa wae sak kecandhake. Mula ya pancen bakal didohi liyan. Temah mung nggawa memala. Saya mrekitik atine, saya akeh memalane.
Dadi menawa dipikir nganggo ati kang bening lan sareh, melik lan meri kuwi ora ana paedahe ing urip iki. Mung nggawa rugi marang dhiri pribadhi. Mula becik disingkiri. Nyawang wong liya mono kudu nganggo ngelmu padhang. Byar. Trawaca nyawang menawa wong liya kuwi uga manungsa. Padha-padha urip bareng ing bumi iki mikul jejibahan luhur. Saengga ora ana rasa meri lan melik. Yen ana wong kang murwat uripe, temah kamanungsan uga kaangkat luwih dhuwur maneh.
Yen kaya ngono, ati tansah padhang. Nyawang apa-apa sarwa nyenengake. Temah bakal disenengi dening wong akeh, dipercaya dening liyan. Coba dibedakake yen ati iki mung anane mung rasa meri lan melik. Melik nggendhong lali: melik nggendhong rugi.
Mendah rugine urip iki menawa isine ati mung kanggo meri lan melik. Mendah lingseme ati iki menawa uripe mung kanggo disirik lan digeguyu wong liya, amarga nduwe aten-atenan kang ora becik.
Sumangga.