Sepi ing pamrih, rame ing gawe. Pancen ora gampang tumandang gawe tanpa pancadan pamrih. Nanging pamrih kang kepiye, kuwi kang kudu ditlisik kanthi permana. Yen pamrih mung kanggo awake dhewe, mula malah banjur ngabot-aboti ati. Barang gampang temah dadi barang angel, kang bisa digawe gampang malah diangel-angel.
Nutupi pamrihe ati uga ora gampang. Kaya angele nyimpen bathang. Suwe-suwe mesthi ambune ngambra-ambra, pamrihe bakal kawiyak. Durung yen ati saya goreh, kebak panyakrabawa, pikire ngira sing ora-ora, pikire ora kira-kira.
Mula pamrih kudu ditanting. Bener apa luput, wis sakmesthine apa ora. Nanging tetep kudu ngati-ati, amerga nglelimbang pamrih kuwi uga bisa mbenerake kang luput, ngluputake kang bener.
Kamangka ati mono kaya kaca. Kinclong yen tansah diresiki, nanging yen wis reged angel ngilangi regedane. Yen wis reged, samubarang dadi congkrah karo kasunyatan. Ora bisa kanggo ngilo githoke dhewe.
Nanging apa bisa makarya lan tumandang gawe tanpa pamrih? Yen tegese pamrih mono niating ati, mula ya pancen ora bisa. Jer manungsa mono yen tumandang gawe akeh kang merga saka krentege ati. Yen kaya mangkono, banjur pamrih kang kepiye kang kudu digondheli? Mesthi wae ya pamrih kang becik, kang murakabi kanggo wong akeh. Pamrih kanggo memayu hayuning bawana.
Kasunyatane, mbedakake pamrih becik lan ora kuwi ora angel. Yen urip ora tentrem, kebak rasa waswas lan gampang cubriya, mesthi ana pamrih kang ora bener. Nanging yen pancen niyate memayu hayuning bawana, ora bakal waswas. Apa kang kudu diwedeni lan dikuatirake yen pancen apa kang kudu ditandangi kuwi wis trep karo atine lan wis sakmesthine? Pancen penak rasane ngayahi jejibahan kang wis diniati apik. Ora mung nggolek benere dhewe, ora wedi salah, ora tidha-tidha.
Pamrih kang becik kuwi kaya semburating cahya kang madhangi awake dhewe. Pasuryane sumunar, tembunge titis-tetes, nalare tata-tumata, atine gampang ngrasa-krasa. Uripe disangga entheng, atine wis dipunjerake marang niating ati, pamrih kang nyawiji: netepi darmaning manungsa, memayu hayuning bawana.
Pamrih kang becik uga bisa dadi pepadhanging liyan. Ana tuladha kanggo ngayahi laku utama. Ana kang gelem ngilangi reruwet nalika ati kesrimpet. Ana kang ngelingake menawa langkah lagi rendhet. Temah yen kaya mangkono banjur padha ora wedi kangelan, ora perlu rebut dhisik lan ora wedi keri. Bareng mlaku lan tumuju marang siji panggonan: leladi mring babrayan.
Sumangga.