Ati-ati marang gegayuhan. Kena bae nduwe gegayuhan kang dhuwur, sokur luhur. Nanging kabeh gegayuhan kuwi ora mung ngetutake obahe pepinginan nanging uga kudu ngetung syarat-syarate. Yen ora, temah mung dadi pengangen-angen kothong, malah uga bisa njungkir dadi rasa sumelang lan getun. Sumelang marang gegayuhane dhewe, lan getun kok bisa nduwe gegayuhan kuwi.
Kabeh gegayuhan kuwi nduwe laku lan syarat. Ibarate kaya wong kang pengen dhahar degan. Kudu menek wit, mecoki kulite, mecah bathoke. Yen luwih adoh maneh, kayata misale pengin dhahar degan saka kambile dhewe ya kudu nandur. Wani rekasa kanggo nggayuh mukti ing tembe mburine.
Yen ora bisa nanting panjangkane dhewe temah isa njalari rong prakara: judheg marang atine dhewe utawa nyrobot panen rekadayane wong liya. Pengen dhahar degan yen ora gelem kangelan ya ung loro perkarane: mung ana neng alam pepinginan utawa njupuk degane kancane.
Kang paling apik kanggo tuladha kabeh kuwi bisa sinau saka kadang tani. Pengin panen kacang ya nandur kacang. Pengin panen jagung ya nandur jagung. Yen pengine panen jagung kok nandure kacang rak mesthi dadi ora tinemu nalar?
Nandur wae kuwi ora cukup. Kudu ngrumat. Njaga supaya bisa subur, nyirami, ngrabuk, ngresiki tanduran liya kang bisa njalari panene tandurane lemu lan subur. Uga kudu ngrumat saka ama lan penyakite tanduran. Nganti panen wae ya isih tetep ana lakune. Kapan bisa panen, nemtokake wektune, serta cara panen kang apik.
Kuwi meh padha karo nggayuh pepinginan. Syarat lan lakune ora mung siji. Kudu terus ana ikhtiyar. Yen wis kelakon uga kudu ati-ati. Amarga yen ora, bisa malah ndrawasi. Dadi sombong mung amerga manen ikhtiyare dhewe.
Nanging ing dina iki, akeh pawongan kang pengin penake dhewe. Nggayuh pepinginan nanging lumuh. Nduwe kekarepan nanging ora gelem tumandang. Lan sing paling akeh njur padha nyidhat dalan. Manen pakaryane wong liya. Yen ora bisa njur malah nyalahake wong kang gelem tumandang gawe. Ngalang-alangi lan ngganggu lakune wong liya.
Wani rekasa mulya wekasane. Gelem tumandang, ora wedi kangelan, taberi lan nastiti. Yen ana pepalang ora gampang gigrig. Terus diadhepi, terus dirampungi. Mulya kuwi kembange panguripan. Nanging kembang kuwi ora tuwuh ing samubarang panggonan. Kembang kuwi tuwuh lan arum amerga saka pepinginan, tinandur, karumat kanthi becik.
Makarya kanthi becik pancen bisa ngarumi panguripan, dadi patuladhan.
Sumangga,