Ngupadi dununge bener, kuwi mono wis sakmesthine. Nanging yen golek benere dhewe, kuwi kang ora trep. Bener mono kaya dalan. Dudu panggonan kang cetha lan dudu wujud kang gamblang. Dadi ora bisa dicandhak. Bisane mung tansah dipecaki, dilakoni, dicedhaki. Mula ana unen-unen tuwa, sok sapa sing wis wani ngendikan: aku wis entuk lan nyandhak bener, mula pawongan mau kudu disingkiri adoh-adoh.
Dene benere dhewe kuwi dudu teges bener kanggo wong akeh apa wong liyan. Saben pawongan nduwe kapitayan, nduwe rasa lan nduwe duwa kang beda-beda. Kamangka bener mono ora siji, paling ora akeh dalan kang bisa dipecaki kanggo nyedhaki bener. Akeh lawang kang bisa kudu diliwati kanggo nyedhaki bener.
Mula, yen ana pawongan loro padaha-padha nyedhaki benar ning dalan kang dipecaki beda-beda, ora ateges sing siji benere lan sing siji luput. Ora bisa digampangake kaya mangkono. Sapisan maneh, bener kuwi agung, omber, lan ora mung nduweni siji-loro dalan, ning pancen akeh tenan.
Bener mono uga kaya werna abu-abu. Sok-sok kudu disawang kanthi permana tur rada njlimet. Saka sisih siji katon bener, mbasan disawang saka sisih liyane bisa katon luput. Pagelaran lan lakon wayang ngemu ajaran kaya mangkono kuwi.
Kang paling gampang dienggo tuladha ya kuwi critane Kumbakarna lan Wibisono, loro-lorone adhine Rahwana. Nalika Rama ngarak bala, nggempur Alengka kanggo ngrebut Dewi Sinta, Kumbakarna macak senapati perang ngadhang bala wanara. Alesane, bumi kinasihe ora rila diidak-idak dening warga manca. Sadumuk bathuk, sanyari bumi.
Beda karo Wibisono. Dheweke malah nyuwita marang Rama. Kanggone Wibisono, bener mono bener, luput mono luput. Rahwana luput lan Alengka uga luput. Bener mono ora nduwe tanah kelairan.
Ana ing ajaran wayang, satriya loro mau kaanggep satriya kang bisa dadi tuladha. Kamangka dalan kang dipilih beda malah adu arep. Kuwi mono nandhakake menawa bab bener pancen ora gampang. Mula yen ana pawongan kok mung ngoyak benere dhewe, nganggep menawa apa kang katindakake kuwi siji-sijine dalan bener, kayane ora trep.
Ngono ya ngono, ning aja ngono.
Sumangga,