Mas Kromoleo sudah metangkring di Warmo ketika saya datang. “Kok wis neng kene, Mas?”
“Lha wong sela mosok ora entuk nongkrong? Lha kowe tumben kok awan ngene beredar?”
“Aku ki diwasap cah-cah, jare Bajang masak neng kene.”
“Rung mateng. Isih lagi dimasak.” ujarnya sambil beranjak dari kursinya menuju ke meja tempat saya menaruh tas dan rokok.
“Thut, mbok aku digolekke klien?” lalu tubuhnya yang berbobot 120 kg itu duduk di dekat saya, sembari gestur tubuhnya memberi isyarat pengen ngobrol dengan saya. Saya urung menengok Bajang yang sedang memasak di dapur. Seorang legenda sekaligus senior seperti dia, tidak mungkin saya cuekin.
Saya duduk. “Klien apa maneh, Mas?”
“Kowe kan akeh nduwe kanca pengusaha. Saiki ki golek duit rada angel.”
“Ya ora rada. Ya pancen mangsane gek angel…”
“Lha aku ora je…”
“Lha ora tapi njaluk golekke klien…”
“Lho ngene tak kandhani.” Tubuhnya beringsut menyorong ke saya dengan tatapan muka serius.
“Kowe rak ngerti nek aku ket mbiyen ki bangkrut bola-bali.”
“Ya aku krungu-krungu ngono, Mas…”
“Kowe ra percaya pa nek aku sering bangkrut?”
“Masalahe dudu percaya apa ora, Mas. Aku ki percaya apa ora, ora njuk berpengaruh neng uripku. Sampeyan sukses ya aku ora tau kecipratan. Sampeyan bangkrut ya ora tau nemoni aku. Paling kan njuk sampeyan utang. Tur ya mesthi tak tolak ta?”
“Jigur kok kowe ki…” dia ketawa ngakak. “Ngene lho, kan aku saiki uripke gek sela. Mburu cukup. Uripku ya cukup. Ora ngaya.”
“Wingi wis sampeyan wis crita, Mas. Ra sah dibaleni. Aku ki cah lumayan cerdas je. Nek ana wong crita neng aku dibolan-baleni ki seakan mengganggu kecerdasanku…”
Dia tertawa terpingkal-pingkal sampai tubuh tambunnya hampir merubuhkan kursi yang diduduki.
“Tenan iki… Aku ki saiki meh mbukak kegiatan sosial.”
Weits. Saya hampir merespons, tapi keburu dia melanjutkan omongannya, “Karena berkali-kali aku bangkrut, aku meh nggawe jasa konsultasi kebangkrutan. Aku ki meh membranding diri sebagai ‘pakar kebangkrutan’. Ngono lho, paham ta?”
“Lha jare kegiatan sosial? Lha kok membranding? Tur kuwi nek neng agama Islam kategorine isa dholim lho, Mas. Ra melu-melu aku nek ngono kuwi.”
“Lho ndholim piye?”
“Lha wong bangkrut malah mbok akon konsultasi njuk mbayar. Kuwi bukane ndholim?”
“Kowe ki cah cerdas tapi kurang bijak. Ngene lho, saiki bayangke apa yang terjadi jika orang itu bangkrut usahanya?”
“Lha ya bangkit maneh. Aku ya bola-bali bangkrut.”
“Kuwi nek mentale putune Ronggolawe kaya kowe… lha nek liyane? Teman-teman mereka pergi. Penagih utang mendatangi. Dunia gelap. Stres. Kuwi mengko isa dadi pengguna narkoba. Tur ya isa bunuhdiri. Dholim seka ngendi? Kuwi jelas kegiatan sosial.”
“Lha tapi mbok akon mbayar…”
“Halah mbayare ki ora larang. Wis tak omongi, uripku ki wis cukup dengan selawe juta sesasi.”
“Pira?”
“Ngene, mereka ki mung nraktir aku makkn siang atau makan malam, atau ngopi. Njuk per jam mung mbayar seket ewu repis. Seket ewu per jam kuwi kan ya mung nggo pantes-pantesan. Lha pijet wae wis 120 ewu. Nek pijet penak malah sejuta.”
“Ra sah crita maksiat neng kene, Mas. Akeh cah enom. Sampeyan ki legenda je. Malah crita pijet penak barang…”
“Intinya, orang bangkrut itu butuh ditemani. Butuh teman diskusi. Minimal butuh teman curhat. Ben ora kena narkoba apalagi bunuhdiri. Kan mulia ta?”
Saya manggut-manggut. “Apik kuwi, Mas.”
“Ewangi golek klien ya? Iki nek Jokowi krungu programku ngene iki, mesthi mengko isa dadi gerakan nasional.”
Saya hampir nyeletuk ketika seseorang datang dengan mbleyer-mbleyer sepeda motornya. “Sapa ta kuwi kok numpak sepeda motor metik we gayane mbleyer-mbleyer?” tanya Mas Kromoleo.
“Lha kuwi kan Diego Hartoko.”
“Oalah… pangling aku. Soale helm-an. Kudune kan ya minimal numpak Picanto apa Brio ta cah kae?”
“Lha nek kaya Diego Hartoko kae, menurut sampeyan sebagai pakar kebangkrutan, kae lagi bangkrut ra?”
“Ya nek Diego kae ra mungkin bangkrut.”
“Kok sampeyan ngerti?”
“Thut, kamu catat baik-baik. Orang yang bangkrut itu yang punya usaha bisnis. Sing ora nduwe usaha bisnis piye carane bangkrut? Sing meh bangkrut apane?”
Saya tertawa ngekek.