Suatu sore, Proton diminta Bagor untuk ikut menghadap bapak Si Bagor. Situasi genting. Bagor tidak berani menghadap bapaknya sendirian. Kontan Proton menjawab: “Wah, bapakmu iso nesu sak kayange kuwi…”
“Ora mung nesu. Aku iso dipala tur karo alat.”
“Lha kok malah kowe ngajak aku?”
“Lha jare awake dhewe ki sahabat setia.. dalam suka dan duka… sahabat cap apa kowe nek aku dinesoni bapakku njuk kowe cuci tangan, kaya ora weruh?”
Akhirnya mereka berdua berangkat ke rumah Bagor. Pak Karsan, bapak Bagor, seperti biasa sedang duduk di kursi ruang tamu sedang membaca majalah. Orangnya tinggi besar dengan brengos yang melintang.
Pelan, Bagor dan Proton masuk rumah. Bagor berucap lembut, “Pak, meh digawekke wedang teh, po?”
Pak Karsan langsung menutup majalah yang dibacanya. Sorot matanya nyureng ke arah dua anak muda yang baru saja lulus SMA itu. “Kowe nek nawani nggawekke teh mesthi nduwe masalah. Lungguh!” suara Pak Karsan keras membentur tembok. Kacamata Proton langsung mlotrok. Dengkulnya nggregeli. Ketika duduk, ia hampir saja duduk di atas pangkuan Bagor yang terlebih dulu duduk dengan muka pucat.
“Ana apa?!”
“Anu, Pak… Aku khilaf…”
“Khilaf apa maneh? Trek-trekan njuk nabrak uwong maneh?!”
“Ora, Pak. Aku saiki nek trek-trekan nek wis jam siji mbengi kok. Wis sepi…”
“Mendem njuk mecahi kaca tokone uwong maneh?!”
“Ya ora, Pak. Aku saiki nek mendem neng tengah lapangan. Soale nek neng tengah lapangan adoh seka toko dan ora ana watu…”
“Ha njuk ngapa?!”
“Anu…”
“Anu apa?!”
“Si Rina meteng.”
“Lha Rina sing meteng kok kowe sing laporan ro aku?!”
“Bapak ki piye to… Lha Rina ki pacarku, je.”
“Woo cah goblok! Lha kok iso meteng?!”
“Ha yo kuwi, Pak… Aku ki khilaf…”
“Ya ora mungkin khilaf. Kuwi ndadak nganggo ambung-ambungan, mledhehke klambi, nyopot kathok! Tur kuwi mesthi mbok bolan-baleni!”
Bagor blangkemen. Ia menundukkan kepala. Proton juga panik. Kaosnya terasa basah.
“Kowe ki cen pekok kok, Gor! Pendhak mbengi kuat tuku vodka, mung tuku kondom wae ra sanggup! Nek ngene iki njuk ngrepoti aku!”
“Lha ya kuwi, Pak…”
“Lho ya, lha yo… Lha ya piye?!”
“Asline aku ki cah apik. Wong bapakku ki ya wong apik. Mung aku ki salah pergaulan.”
Kontan di saat itu, Proton menoleh ke araah Bagor. Lalu ia melihat ke arah Pak Karsan. Dan sepasang mata Pak Karsan menatap garang ke arah Proton. Saat itu, bukan hanya kaos Proton yang basah. Tapi juga celananya.