(tanpa judul)

Rembugan tengah wengi antarane Agus Mulyadi karo simbah putrine:

Agus: Mbah, suk nek aku rabi penake nanggap ndangdut utawa wayang kulit?

Simbahe: Wayang kulit ya apik, ndangdut ya gayeng, Le…

Agus: Mbah, suk apike aku nduwe anak loro utawa telu ya?

Simbahe: Loro ya apik, telu ya becik, Le…

Agus: Mbah, suk penake aku nek bar rabi manggon neng Yogya apa Magelang wae, ya?

Simbahe: Manggon neng Yogya ya apik, neng Magelang ya apik, Le…

Agus: Mbah, lha kok kabeh-kabeh apik ta? Ha mbok dipilih. Mosok kabeh apik?!

Simbahe: Lha kowe ki kenthir ra rampung-rampung kok, Le?

Agus: Lha kenthir piye ta? Putune mosok dikenthir-kenthirke?

Simbahe: Ngene lho Le Cah Bagus, nek aku oleh usul, mbok sakdurunge kowe crigis akon aku milih, kowe ki nggolek pacar sikik. Dhapuranmu golek pacar we angel kok yak-yako kaya ana sing gelem rabi ro kowe…

Agus: Ya ora njur nyemes kaya ngono, Mbah…

***

Artikel Terkait