Wong lanang kang bojone lagi mbobot kuwi nyet tingkahe maneka warna. Ana sing biasane seneng mancing iwak, njuk kanggo sakuntara ora mancing dhisik. Ana sing ora mangan daging dhisik.
Ning ya jenenge wae ndonya, saben wong mesthi beda. Ana uga wong lanang kang, sebut wae jenenge Purnomo.
Nalika bojone lagi mbobot tuwa, Purnomo nyeraki bojone, nguseg-useg wetenge bojone. Banjur ngomong ngene, “Le, jare wong-wong pinter, cah cilik ki nduwe hubungan spesial ro Gusti Allah. Kan sliramu meh lair ta, Le… Akeh kebutuhan. Mulai seka popok nganti biaya rumahsakit. Lha mbok tulung ditakokke Gusti Allah, kira-kira sesuk nomere buntut Singapura ki metune pira?”
Ealah, lha kok ndilalah, jabang bayi neng njero weteng obah. Dug dug. Dug dug dug dug.
Purnomo njenggirat. “Weh, loro papat? Tenane, Le? O ya wis, tak tukune.”
Jebule sesuke ya metu tenan. Jan bungah tenan Purnomo. Dibaleni maneh. Metu maneh. Ngono terus sampai pirang-pirang dina.
Tekan saiki, yen Purnomo lagi ra nduwe dhuit, ya mung takon karo anake, “Le, sesuk nomere metu pira?”
Lan anake ya mesthi njawab. Tur ya mesthi tembus. Piye jal?